ASAL USUL DESA SEDAN ING KABUPATEN REMBANG
Rikala jaman semana para wali
nyebarake agama Islam ing tlatah Jawa, sakdurunge kabeh nganut agama
Hindu. Wektu iku panguwasa isih diwengku dening raja ing Majapahit yaiku
Prabu Brawijaya V. Sakwetara wilayah kabupaten Rembang rikala semana
isih akeh daerahe sing awujud alas. Penduduk uripe nggrombol ing padesan
cilik tur sepi. Ing kahanan kang kaya mangkono teka nom-noman kang
manggon ing alas kono banjur netep mbangun omah kang jarake saka pesisir
lor antarane 10 km arah ngidul. Sakbanjure ing panggonan kang isih
wujud alas kuwi, nom-noman lanang mau ngajak wong-wong kang ditemoni
supaya melu nyinaoni lan nglakoni syariat Islam. Tambah dina tambah akeh
wong-wong sing melu pangajake pengembara mau kang ora liya sawijining
Syayid.
Padesan kang maune sepi sansaya suwe
sansaya reja amarga akeh ditekani wong-wong manca saperlu meguru marang
syayid. Sakwise ditekani wong-wong saka mancakang meguru marang Syayid,
Syayid kuwi banjur netep manggon ing kono. Alas kang maune gung liwang
Liwung ewah dadi desa kang gedhe, akeh penduduke. Cekak aosing crita,
Syayid sing maune pengembara malih dadi panguwasa ing panggonan kang
anyar. Banjur ora suwe dadi padesan kang rame. Sing diwenehi sebutan
Syayidan. Kang ateges papan kang dipanggoni dening sawijining Syayid.
Tindak tanduk lan subasitane Syayid patut
kanggo tuladha kang becik kanggo warga sakiwa tengene. Sawijining dina
Syayid nandang lara banjur tilar donya. Kabeh pengikute lan penduduk
sakiwa tengene ngelingi lelabuhane Syayid sing apik, senadyan wis tilar
donya tetep dadi pepeling. Layone dikubur cedak karo omahe banjur
kuburane ditanduri wit jati lan dikeramatke ora tau ditebang. Wektu
lumaku terus, ora krasa puluhan taun kuburane Syayid angker. Papane
manggon kapernah 300 meter arah ngalor saka pasar Sedan. Sebutan Sedan
iku sal mulane saka tembung Syayidan kang tegese Syayid. Kanggo ngeling
jasa-jasane Syayid nganti seprene desa Sedan isih ana.